Urip neng kampung kui pancen penak, ning yo sok-sok rak penak jeh…

Kit cilik, pancen aku urip neng kampung, lan kui penak lho. Lha piye orak kepenak, kanca dolan akeh, guyub, tur ditambah karo suasana liyane sing pokoke kepenak ngonolah. Sing urip neng kampung mesti ngerti banget rasane koyo ngopo.

Penak’e pancen akeh, ning yo sok-sok ono rapenak’e. Sok-sok, mungkin mergo saking cedak’e le sesrawung njuk kadang kui tangga liyane kok ketoke berhak nyampuri urusan sing — menurutku lho — orak perlu dadi urusanne. Lha repot nek ngene iki.

Contone ngene.

Jaman saiki kan yo rak koyo jaman biyen, misale bab nyambut gawe. Jaman biyen kan lumrah banget nek nyambut gawe kui ana jam kantore. Mangkat isuk, mulih sore. Bar kui mbengi sesrawung. Lha saiki kan yo rak mesti ngono to? Biyen jaman iseh nyambut gawe seko omah — istilah nggayane kui “freelance” — justru malah neng omah terus. Neng omah kui justru malah nyambut gawe. Lha pancen kuwalik sih dadine, tapi kan intine nyambut gawe.

Nah, iki susahe. Kaya ngene iki kadang durung akeh dipahami. Akeh sing ngira justru — terutama yo kui mau, tangga kiwa tengen — aku kok neng omah terus, orak nyambut gawe. Nek aku lagi orak neng omah, misale malah dolan pas wayah e wong nyambut gawe, malah dikira aku nyambut gawe.

Sakjane sih rapopo, tapi nek kaya ngono kui dadi obrolan kan yo rak penak. Wagu tenan ah! Ning yo wis ben, anggep wae resiko gawean. Wahhaha.. nggaya tenan istilahe!


Comments

3 responses to “Urip neng kampung kui pancen penak, ning yo sok-sok rak penak jeh…”

  1. kasarane persepsine wong-wong mbiyen ki yo kerjo ki dadi karyawan kantoran mas,mangkat esuk bali sore..

    1. Nah, lha iyo kui.

      Sak jane sih rapopo, ning nek njuk ngarani wong-wong sing nyambut gawene ngono kui kok rak tahu nyambut gawe kan yo suwe-suwe nyebahi.. =))

  2. dadi pengin nyaut. hehe.. tapi njenengan ketoke luwih mending, daripada aku malah entuk istilah “gaweane dolanan komputer terus”, koyo to ngegame terus. nasip.